MAKALAH BASA JAWA
AKSARA MURDHA
Kasusun dening : 1. Anisa Kusumawati (04)
2. Dias Anggi Ramadhini (09)
3. Gayang Asri Cahyadi (14)
4. Muhammad Dzikri Nur AIA (19)
5. Nurul Farhana (23)
6. Setyawati (28)
7. Unggul Prestiaji (31)
SMA NEGERI 3 PURWOREJO
TAHUN 2017
ATUR PAMBUKA
Puji syukur kulo aturaken ingkang kehadirat Allah SWT,amargi saged ngrampungake tugas niki tanpa wonten alangan menopo-menopo
Kula lan rencang kulo sadar ingkang nyusun tugas niki mboten kenton saking pihak-pihak liya,ingkang bab niku kula lan rencang kula aturaken matursuwun kangge :
1. Bapak lan ibuk
2.Kepala Sekolah
SMA Negeri 3 Purworejo yaiku
Drs.Fitarini,M.SI
3.Bu Restu ingkang dados Guru pemampu ingkang sampun ngrewangi pandamelan
tugas niki.
4.Sedaya pihak ingkang mboten saged
kasebut sedaya.
Mugi-mugi petulungan beliau niku angsal limpahan rahmad saking Allah SWT. Amiin
Kula lan rencang-rencang sadar, ingkang ndamel tugas niki tasih kathah kakirangan,ingkang wonten kritik lan saran
ingkang ajeng ngleresi tugas niki nggeh sumonggo.
Mugi-mugi tugas niki saged bermanfaat kagem pemaos sedoyo.
PURWOREJO
JANUARI, 2017
PENULIS
|
ii
DAFTAR ISI
ATUR PAMBUKA..................................................................................... ii
DAFTAR ISI.............................................................................................. iii
BAB 1 PURWAKA
PAWARDI PERKAWIS............................................................................ 1
MOMOTING PERKAWIS......................................................................... 1
ANCAS........................................................................................................ 1
BAB 2 SURASA
TEGESE AKSARA MURDHA................................................................. 2
TATA CARA GAWE AKSARA MURDHA............................................ 2
HURUF AKSARA MURDHA.................................................................. 2
BAB 3 WASANA
DUDUTAN................................................................................................. 3
SARAN........................................................................................................ 3
iii
BAB 1
PURWAKA
A.
PAWARDANI PERKAWIS
Indonesia menika negara ingkang
gadah etnik, basa lan adat istiadat ingkang menarik . sesarengan kaliyan wontenipun keaneka ragaman
etnik, saengga Indonesia ugi gadah basa ingkang beragam salah sawijining inggih
menika basa jawi. Basa jawi punika basa ingkang menarik sanget. Basa jawi
gadahi tulisan ingkang unik tulisanipun meh padha ananging kasunyatanipun benten.
Ananging
remaja jaman sakmenika kirang peduli kaliyan wontenipun tulisan-tulisan jawi
menika. Kirangipun raos kertertarikan dateng
nyinaoni babagan menika disebabaken dening factor-faktor katentu inggih menika
amargi faktor saking lebet ati inggh menika anggepan saking remaja saktemene
aksara jawi punika kuno lan mbotengaul.
Uga wonten ingkang nganggep aksra jawi menika susah. Faktor saking jaba
tuladhaipun amargi kirangipun perhatian tiyang sepuh aggenipun sikap anak
kangge nglestarekaken budaya sastraipun. Uga wonten amargi pengaruh saking
kanca sak pantaran.
Aksara jawi ugi kathah sanget jinisipun, inggih menika
aksara jawi, aksara rekan,aksara swara, aksara murdha lan sak piturute. Wonten
babagan menika pandapuk badhe njlentrehaken bab aksara murdha.
B. MOMOTANING PERKAWIS
1. Tegese
aksara murdha
2. Tata
cara gawe aksara murdha..
3. Huruf
aksara murdha.
C. ANCAS
1. Ngenalaken
aksara jawi (khususe aksara murdha) dhateng nemneman.
2. Maringi
mangertos tuladhanipun aksara murdha.
3. Njelasaken
keginaanipun aksara murdha.
1
BAB 2
SURASA
A. TEGESE AKSARA MURDHA
Aksara Murda tegese aksara sirah
utawa aksara sesirah, ing basa Indonesia diarani huruf kapital. Aksara Murda
gunane kanggo pakurmatan, tegese kanggo ngurmati. Sing lumrah aksara murda
kanggo nulis jenenge wong lan jeneng apa wae, kalebu pangkat utawa kalungguhan.
B. TATA CARA
GAWE AKSARA MURDA
Gawe panulisan Aksara murda iku meh padha karo panulisan
aksara Hanacaraka, ditambah karo sapirangan tata cara
tambahan, yaiku :
- Murda ora bisa digawe dadi sigeg (konsonan panutup tembung).
- Saumpami ditemukake aksara murda dadi sigeg, mangka ditulisake wujud aksara pokok iku.
- Saumpami ing njero tembung utawa kalimat ditemokne lebih teka siji aksara murda, maka ana loro aturan seng bisa digawe yaiku karo panulisan aksara murda sing paling ngarep wae,utawa karo panulisan sakabehe saka wujud aksara mudra sing ditemoni.
C. HURUF AKSARA MURDA
2
BAB 3
WASANA
A. DUDUTAN
Saka makalah ngenani “aksara murda”
iku, dijelaske bahwa aksara
murda yaiku ing basa indonesia diarani huruf kapital. Aksara murda digawe
kanggo panulisan gawe panghurmatan dadose kanggo ngurmati.
B.
SARAN
1. Nem-neman jaman sakmenika kedah
nglestarekaken budaya sastra nusantara.
2. Tiyang sepuh kedah ngenalaken budaya
nusantara kaliyan putra putrinipun.
3. Kita kedah bombong kaliyan budaya kita ingkang
kathah sanget.
3
KAPUSTAKAAN
Mediawiki. “pengantar aksara
jawa” . 4 Februari 2015.
id.wikibooks.org/wiki/pengantar_aksara_jawa
blogger. “belajar aksara jawa”.
27 Oktober 2012
kilurahsemarbodronoyo.blogspot.com/2012/10/belajar-aksara-jawa-27.html
Kariyodiharjo,sugeng. “aksara
murda, aksara sswara, aksara rekan lan angka jawa(5)”. 10 September 2010
Nguripuripbahasa.jawa.blogspot.com/2010/09/aksara-murda-aksara-swara-aksara-rekan.html
mugi-mugi makalah menika saged manfaat :)
0 komentar:
Posting Komentar